Rabu, 13 Mei 2015

PRANATACARA K.13 TUGAS

Pranatacara
Pengertian :
Inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejabahan ngalantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pasamuan, pangaosan, pentas (show).
Perangan :
1. Salam pambuka
2. Puji syukur
3. Sapa aruh
4. Ancasing gati
5. Panutup
6. Salam panutup
Saptama pangolahing raga :
1. Magatra, wewujudan, rupa, adi ing arira, adi ing busana teges lues sarta pantes.
2. Malaksana, tindak sapecak, sajengkah ditatatuntut, manteb mrabu mrabawa, boten ingah-ingih, boten wigah-wigah
3. Mawasta, ngadeg jejeg, ora kandho, ora dhoyong
4. Maraga, ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteng obahe wawak lan anteb
5. Malaghawa, trampil kepara trengginas, lancar, sembada ing karya
6. Matanggap, tanggap ing sakabahe swasana
7. Mawwat, anteb manteb ngentasi purwa madya

3 komentar: